Postingan

Menampilkan postingan dengan label SILVI KUMALASARI

LIRIK LAGU AYANG AYANG - SILVI KUMALASARI & DIKE SABRINA (Penc. Risang Gotho )

Gambar
  Peteng rasaneng ati kang nandang Sengiting liyan hanyawang Aku koe labuh katresnan Kang mas wong ganteng, tak jaluk ojo Seleh katresnan pancene Tresno kui akeh pacoban Arep tumeko ngendi katresnan iki Yen to aku , sliramu ra di akoni Senadyan dunya ra biso nompo  Bakal tak jogo yen durung Kapisah mring kang kuoso Kangmas koe sing tak sayang  Ra lilo aku kudu kelangan Kangmas mustikaning ati dongaku siji Tresno iki abadi Duh dewo dewaning asmoro  Kuatno ati kawulo Anggonku lelabuh tresno  Datan kendat saking cobo Tak rewangi tak pateni Lahire tresno kang suci  Kasunyatan yen to aku Sliramu isih nyawiji

LIRIK LAGU - LDR (LANGGENG DAYANING RASA) - DENNY CAKNAN

Gambar
  Yen aku wis kangen sliramu Mesem neng ngimpiku sayang Yen aku kangen suaramu Bisik no tembang manismu Terusno koyok ngene neng uripku Terus o sayang aku Ra ono seng ngalang-ngalangi Ra ono seng ngerusuhi Filling neng angenku mung kowe Seng paling ngerteni aku Iso nompo kurange aku Senajan mung suaramu Ngademke ati We ngucapne janji We bakal mulih nemoni Eluh tangis kangenmu Nandes neng ati Sampun ya sayangku Ilangi banyu motomu Lirihno suara tangismu Cah ayu

LIRIK LAGU JAWA PUJANINGSIH cipt. RW Aziz dan Agus B

Gambar
  Purwakane pagut netra trus andulu Nadyan datan andangu Nanging wus tumekang kalbu Mbabar pajar pindho slaka binabar Sepisan anjawat kang asta Kaya kaya wus antuk swarga Apa iya iki tresna Tresna kang sanyata Temah agawe kunjana papa Lunging gadhung hangayun ayun Duh sang mustikaning asmara Sun kayungyun mring handika Yen jawata ngelilanana Bakal tak pundhuh krama Mugio kasembadan lelampahan kang jati Tak jangka srana asmoro kang yekti Manembah mring sang hyangwidi Mugio peparing margi Margi kang waluya jati Duh duh aduh sang mustikaning asmara